Pramugari Berbahasa Jawa

Jika pramugari memberikan instruksi dengan bahasa jawa beginilah jadinya
“Dulur-dulur penumpang, delet maning pesawat kiye pan mabur…
Sedurunge, nyong karo pramugari liyane pan nuduhna cara-cara ngadepi keadaan darurat…
Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor jengkok, dinggo dong kapal mabur mandeg nang nduwur laut…
Carane jukut klambi seka slesepan terus dinggo, tarik taline ben klambine mlembung.,,,.endah ora pada klelep nang laut ..
Pipa karet didamu ben lampune kedap kedip dadi bisa dideleng seka kadohan…
Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, ning konangan bisa ditempilingi rika…
Montor mabur kiye ana enem lawange, loro nang ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi…
Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen seka loteng..
Yen masker mecotot, gagian dinggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi…
Semono pengumuman seka nyong, anger pan maca majalah apa koran, kuwe ana nang slesepan jengkok ngarepe rika kabeh…
Ning arep mutah, nganggo plastik nang ngisor jok,, aja mutah koprat kapret ,, inyonge sing repot ngresiki
Wis lah, cangkeme kesel, moga-moga slamet waras bisa mudun maning.
Kaya kuwe bae ya?. suwun…”.
Oh iya, ngapura apa ana sing nggawa ndog asin apa tahu tegal tulung njaluk lah aku ngelih nemen awit mau manjing urung mangan.

Sampeyan wong TEGAL?? Atau tanggane? Atau kancane??
Tolong forward ya demi keselamatan penerbangan..

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*