Makan Beras Plastik aman-aman saja

Dek semono ono isu beras plastik….
Jan janne…’

Wis ra sah bingung perkoro beras plastik…!!!

Wis suwe awake dewe mangan ‘Iwak Gabus’ yo
biasa2 wae ….

Mangan ‘Tong Seng’ wetenge yo ora opo2.

Mangan ‘Sego Kucing’ yo doyan…..

Wong-wong malah mangan ‘Ndog Gludug…’

Wong Semarang mangan ‘Ganjel Rel..’

Wong Palembang mangan ‘Kapal Selam’

Wong Bali biasa mangan ‘Sayur Paku …’

Bocah2 SD wis kulino mangan ‘Molen..’

Meh kabeh wong Indonesia yo wis tau mangan ‘Bangku Sekolah..’

Lha koruptor tambah nemen… ‘Semen, Pupuk,
Bensin, Bis Kota nganti Kitab’ do dipangan kabeh..
nyatane yo podo selamet lan makmur uripe !!

Mangan ‘Beton’ yo sehat2 wae wetenge…

Mbok koyok wong Kediri, ‘Takwa’ dipangan..

Gawe kopi karo teh di campur ‘Gula Pasir’ yo sik
sehat kok..,

Malah ono sing gawe ‘Gulo Batu’.

‘Roti Balok’ yo dipangan.

‘Beton’ yo diuntal…

Sing mangan ‘Ketoprak’ yo ono…

Dhahar ‘Bakso Granat’ nggih eco mawon.

Mangan ‘Kacang Atom’ yo sehat, ora mbledos kaya hirosima..

‘Oseng oseng Mercon’ yo do doyan.

‘Putri Salju’ yoo di emplok..

‘Rondo Royal’ yo do doyan opo meneh ‘Rondo Alim’, soyo di goleki.

‘Tempe Kemul’ yo enak ae…

Ojo lali, jaman cilikkan SD wes iso mangan ‘Biting’ ora popo !!!

‘Sambel Setan’ ae di pangan…
Setane yo bingung.. arep nganggo sambel e sapa..?

Yo do seneng mangan ‘Permen Karet’ wetenge
yo ora do ngembos…

Ibu2 ngerti ‘Cakar Ayam’
arep go ngecor gawe omah, yo malah esuk2 dimasak sop. kadang malah ono sing mangan roti sisir,
opo maneh pas skak, prajurit dipangan, menteri lan jarane yo dipangan, bahkan raja sakkan benteng2 e yo dipangan. Wis2….. nggragas tenan. 😁😀

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*