INTROPEKSI DIRI

Wal wal gedhuwal…
Ono barang gedhene sak bantal…
Atos koyo watu wungkal…
Kemambang koyo kang kemambang ning kali Brangkal…
Mbuh haram, mbuh halal…
Waton bisa diuntal ya diuntal…
Ora beda karo bangsane kadhal…
Dhasar watege manungsa…
Anane mung ora nrima…
Syukur dadi perkara kang langka…
Tega nyawang marang rekasane tangga…
Sedulur dadi wong liya…
Muter akale nggo ngakali kanca…
Ning pikire mung piye cara mangan wong liya…
Ujare mumpung isih duwe nyawa…
Rebutan bandha ujare pantes…
Geger saben dina merga perkara lemah wates…
Iri lan srei marang tangga kang antuk rejeki mentes…
Ajak-ajak hasud dadi kabiasan kang luwes…
Amerga lisane wis kadhung lemes…
Sregep ngibadah mung kanggo kudhung…
Ngudhungi marang kelakuane kang mbilung…
Akhlak kang ora bedhane koyo wong gemblung…
Bosok atine koyo ndhog banyak wurung…
Ning rumangsane awak koyo priyayi suci, mulya lan agung…
Elinga, Awak kang apes…
Ono watese jatahe umur…
Orane yen keliwat ora nyemplung kubur…
Yen hak Adami ora ndang sira saur…
“Man Muflis…?”
Sopo kang kinaran wong bangkrut…?
======================
TERJEMAH
======================
Wal wal gedhuwal…
Ada barang sebesar bantal…
Keras seperti batu asah…
Mengapung seperti yang mengapung di sungai Brangkal…
Entah haram, entah halal…
Asalkan bisa ditelan ya ditelan…
Tak bedanya dengan bangsa kadal…
Dasar watak manusia…
Adanya hanya tidak terima…
Syukur jadi perkara yang langka…
Tega melihat susahnya tetangga…
Saudara menjadi orang lain…
Memutar otak untuk menipu teman…
Di pikirannya hanya bagaimana cara memangsa orang lain…
Katanya mumpung masih punya nyawa…
Berebut harta katanya pantas…
Berseteru tiap hari karena perkara batas tanah…
Iri dan dengki kepada tetangga yang mendapat banyak rejeki…
Mengajak hasud jadi kebiasaan yang luwes…
Karena lidah yang terlanjur lentur…
Rajin ibadah hanya untuk penutup/topeng…
Menutupi terhadap perbuatannya yang menggila…
Akhlak yang tak beda seperti orang gila…
Busuk hatinya seperti telur angsa tidak menetas…
Namun merasa diri seperti orang suci, mulia dan agung…
Ingatlah, Badan yang lemah…
Ada batasnya jatah usia…
Tiada mungkin terlewatkan masuk kubur…
Jika Hak Adami tidak segera dirimu lunasi/mendapatkan keikhlasan…
“Man Muflis…?” Siapa yang disebut orang bangkrut…?

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*